Selasa, 08 Januari 2013

geguritan


PERIH  ING ATI


Tresna marang sajroning gesang
Bisa anggambarake kabungahan ana ing njero ati
Kang ora bisa digambarake awujud lisan
Mung nggawe kaendahaning ndonya

Samubarang sing ana ing njero dada
Ora bisa ditahan menawa kowe ndelok sliraku
Sapa sing ora bisa luluh atine marang sliramu
Sing wis bisa nggawe senenge atiku
Nanging saiki tresna iku wis sirna
Sirna saka gesang ndonya iki
Ndelik ana ing padange rembulan
Sing ora nyata lan tulus saka rasa atimu
Kabeh sing uwis kokwenehake marang sliraku
Ranyata mung sandiwaramu
Kanggo nutupi apa sing koktindakake ing njaba kana
Perih iki....
Ora bisa ngobati rasa gething
Ora bisa ngubah rasa lara ing ati iki
Sing wis kebacut anyel marang sliramu

BY : NITA NUR YUTDIANA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar